MBLEDHOSE GUNUNG MERAPI TANSAYA NGGEGIRISI

Ora mung kuwi, sawise mbledhos rong minggu
kepungkur, lan nganti tekan saiki isih terus mbledhos, gunung Merapi
uga gawe cilakane lan rugine warga masarakat, raja kaya, lan raja
brana. Nganti tekan dina Slasa (9/11) ora kurang saka wong 145
cacahe tiwas keterak wedhus gembel. Malah salah sijine korban
kasebut yaiku Mbah Maridjan, Juru Kunci Gunung Merapi saka abdi
dalem Kraton Kasultanan Ngayogyakarta, rikala tanggal 26 Oktober
2010 kepungkur. Saliyane iku korban tatu abot lan entheng uga nganti
atusan wong kang dirumat ing pirang-pirang rumah sakit, salah sijine
RSU Dr. Sardjito Ngayogyakarta. Raja brana duweke para pendhudhuk
ing patang kabupaten kasebut uga melu kekubur dening wedhus gembel,
wiwit saka mobil, motor, omah, sawah, lan sapiturute. Semono uga
raja kaya kang awujud sapi, kebo, wedhus, pitik, bebek, kewan
oceh-ocehan, lan sapiturute melu kepanggang urip-uripan dening
wedhus gembel. Atusan ewon pendhudhuk liyane saiki uga melu ngungsi
kang adohe saora-orane 20 kilometer saka pucuking gunung Merapi.
Warga perenging Merapi ing wektu saiki lagi padha nandhang
kacintrakan kang abot banget. Kulawargane ana sing tiwas, omah
saisine remuk lan kobong, kewan ingon-ingone kepanggang, lan isih
kudu ngungsi kang durung ngerti nganti tekan kapan.
Mula ora mokal, pitulungan saka sadhengah
papan enggal mlumpuk kanggo tetulung marang warga korban mbledhose
gunung Merapi. Ora mung saka pamarentah thok, nanging uga saka warga
masarakat liyane, instansi swasta, karyawan pabrik, bocah sekolah
padha enggal-enggal menehi pitulungan kang awujud apa wae, wiwit
saka tenaga, iguh pratikel, bandha donya (dhuwit apadene barang),
lan liya-liyane kanggo ngentheng-ngenthengake para korban. Ewa
semono, isih ana wong sing golek kalodhangan kanggo kepentingane
dhewe, kayata maling raja kaya kanthi alesan dislametake, nyolongi
sembako banjur didol ing penadhah, padha pasang umbul-umbul iklan
prodhuk ing papan pangungsen, lan sapiturute. Kang mangkono iku
klebu tumindak nistha, amarga nalika wong liya nandhang sedhih kok
malah golek bathine dhewe. Mula wis wayahe padha cancut taliwanda
bebarengan padha tetulung marang korban Merapi kang durung ngerti
nganti tekan kapan rampunge, tinimbang padha udur ora ana gunane apa
dene gawe isu (kabar ngayawara), kang tundone gawe rugine para
pangungsi, kang racake rakyat cilik kang wis adoh saka kacukupan
panguripane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar